Manuk Tir...Tir....Tir.....
Jaman
biyen ana juragan sugih sing dodolane tekan njaba kutha malah anjog luar negeri. Juragan kiye arane Harun. Harun duwe anak siji wadon arane Milah. Bojone
Harun wis setaun ninggal dunya. Dadi Milah kuwe bocah piatu. Saben dinane sasuwene setaun kiye Milah urip mung loroan karo bapane tok
Sawijining
dina wayahe pak Harun dodolan ngirim barang maring luar negeri.. Kaya biasane angger maring luar negri kuwe ora bisa
sedelat, Pak Harun butuh waktu
suwe kanggo nang dalan bolak balik toli kanggo dodolan. Lagi bojone
Pak Harun esih urip, pak Harun ora bingung ora keder angger ngepasi mangkat
dodolan maring negeri liya soale nang umah ana bojone karo Milah. Tapi saiki
bareng bojone wis ninggal, Pak Harun bingung. Angger Pak Harun mangkat terus
mengko Milah nang umah karo sapa? Melas temen bocah wadon esih cilik ditinggal
nang umah dhewekan, suwe sisan. Pak Harun watir, ora tega ninggalna Milah nang
umah dhewekan.
“Pak….Bapak
estu tindak sadean Pak?” Milah takon alon maring bapane.
Pak Harun mung meneng mandeng anake wadon siji
kuwe. Pak Harun lagi keder mikir, angger iya pancen sida mangkat dodolan nang luar negri terus mengko Milah keprimen?
“Pak,
menawi bapak tindak, terus mangke Milah kalih sinten?” Milah takon, tangane
nyekel tangane bapane kenceng. Swarane alon, lirih kaya pan nangis. Raine katon
surem radan mrengut mandeng bapane. Mripate ngecembeng banyu luh kaya pan
nangis nemen.
Pak Harun ora tega ndelengna praupane Milah.
Atine kaya diiris-iris, nggrentes. Sakleyangan kelingan bojone ya ibune Milah
kuwe.
Pak Harun ngelus rambute Milah, rasa sayange sing ora bisa diukur ndadekna abot ninggalna Milah dhewekan.
“Nok,
bapak ya lagi mikirna kuwe,” Pak Harun meneng sedelat, katon lagi mikir nggolet omongan sing gampang dingerteni dening Milah.
“Angger...bapak
nggolet ibu maning kanggo ngancani Milah
nang kene, pime?”
“Milah
ora papa?” pak harun takon alon,
watir bokan Milah nolak.
Milah
mandeng bapane ora kedep. Kaya-kaya lagi mikir. Let ora suwe Milah semaur.
“Ibu…kanggo
Milah pak?” Milah semaur, radan kaget.
Pak Harun manthuk alon, “Pime nok ayu, dadi
mengko sasuwene bapak tindak Milah nang umah ana kancane. Ana sing masakna.”
Milah mbayangna nang umah ana ibune….Milah
seneng. Dadi Milah mesem karo semaur,”Inggih pak, Milah purun.”
Krungu semaure Milah pak Harun krasa lega
atine. Kaya-kaya beban anteb sing nindih dadane kuwe keangkat. Pak Harun narik awake
Milah luwih perek, dikekepi karo dielus-elus sirahe.
“Pak,
kapan ibu teka pak?” Milah takon karo mandeng bapane.
“Sabar
Milah, bapak kudu marani dhisit, takon. Ndonga bae ya muga-muga ora ana alangan eben ibu kanggo kowen bisa cepet nang
kene ngancani Milah. Dadi bapak ya bisa ayem olih mangkat dodolan.” Pak Harun
ngomong alon karo ngusap-usap Milah.
“Inggih
pak.” Semaure Milah.
“Ngko
sore bapak pan maring desa sebelah, nemoni wong kuwe. Milah ora papa ya
ditinggal bapak sedelat.” Pak Harun ngomong karo mandeng kebek tresna asih
maring MIlah, tangan lorone nyekeli
pundake Milah.
“Inggih pak.” Milah manthuk.
Sorene
pak Harun lunga maring desa sebelah marani wong wadon sing pan didadekna ibu
kanggo ngancani Milah. Wong wadon kuwe wis randa, sing lanange ninggal dunya.
Wong wadon kuwe duwe anak wadon siji saumuran karo Milah.
Pak
Harun anjog nang umahe randa kuwe. Pak Harun gagian nothok lawang umahe wong
wadon kuwe.
“Tok-tok-tok…”
swara lawang umah gubug diketok dening pak Harun.
“Kraaak…kriyeeet…kraaak!
swara lawang papan dibuka. Katon wong wadon kumel nang lawang, mandeng pak
Harun. Praupane katon bingung karo kaget.
“Assalamu
alaikum buk….” pak Harun uluk salam.
“Wa…waalaikumsalam…”
wong wadon kuwe semaur, omongane tugel-pedhot-pedhot saking bingunge.
Pak Harun diaturi mlebu nang gubuge. Sawise
nang njero pak Harun langsung ngomong tujuane teka mono. Wong wadon kuwe sing
jebul arane Kedasih ora langsung semaur nyanggupi.
“Aku
duwe anak wadon siji, apa pak Harun gelem nampa anak wadonku, apa olih anakku
melu sisan nang pak Harun?”
“Olih
orapapa, malah kebeneran sisan bisa kanggo kancane anaku.” Semaure pak Harun.
Esuke sawise diresmikake dadi bojone, dening
pak Harun Kedasih karo anak wadone dijak mairng umahe pak Harun, dikenalna
maring Milah.
“Milah,
kenalna kiye ibu kanggo Milah, arane bu Kedasih.”
Milah salaman karo bu Kedasih, tangane bu
Kedasih diambung kaya sing diajari daning ibu biyen lagi esih urip. dadi bocah kudu sopan, ngajeni ngormati wong sing luwih tua.
Pak Harun mesem seneng atine nyekseni anake
wadon sing ayu, budi pekertine apik.
“Nah
kiye anake bu Kedasih, arane Watir,” pak Harun toli ngenalna anake bu Kedasih
maring Milah.
Milah mandeng maring Watir, bocah wadon
saumuran Milah, tapi jelas katon beda nemen karo Milah. Milah bersih, resik,
klambine ya apik resik. Watir, kucel, crumut klambine ya badheg.
“Milah
ayo gagian Watir dijak mlebu, kon adus, terus ganti klambi. Toli wong bapak
durung sempet tuku klambi nggo Watir ya, disilihi dhist klambine Milah, ya nok
ayu.” Pak Harun ngandhani Milah alon.
“Inggih
pak.” Milah gagian mlebu kamare, bareng metu maning wis nggawa satumpuk klambi
anyar. Pak harun kaget. "Milah kuwe kan klambi anyare Milah sing wingi
bapak tuku.”
“Inggih
pak.” Semaure Milah.
“Toli kuwe pan wekena Watir?” Pak Harun esih ora percaya meruhi kelakuane Milah.
“Inggih
Pak.” Milah semaur mantep ora ragu-ragu.
“Milah
ora papa Nok ayu, milah ikhlas?” Pak Harun takon kanggo negesna maning.
“Inggih
pak, Milah ikhlas.” Semare Milah mantep.
Pak harun kemembeng mripate saking senenge atine meruhi yen anak wadon yakuwe Milah temenanan duwe ati sing apik.
“Alhamdulillah
ya Allah… maturnuwun Milah, bapak seneng Milah anake bapak duwe ati welas asih.
Tetep dadi bocah sing budi pekertine luhur ya nok ayu…sing akeh syukure maring
Gusti Allah, welas asih maring sapepadha ya nok ayu.” Pak Harun ngelus elus
sirahe Mirah. rasa emane maring Milah wis por-poran nemen. Praupane pak Harun katon padhang.
“Ngesuk
bapak tuku maning klambi anyar kanggo Milah kanggo gantine sing kuwe ya, sisan
tuku kanggo Watir karo ibu.”
Gelising crita, pak Harun sida mangkat dodol
maring negeri manca. Nang umah Milah ora dhewekan soale wis ana bu Kedasih
karo Watir. Milah karo Watir cepet akrab. Klambi karo barang-barang liyane dekeni
Milah disilihna maring Watir. Tapi…..suwe-suwe Watir krasa ora marem. Watir
duweni kepenginan apa bae sing dadi dekene Milah kudu dadi dekene Watir. Watir iri
maring Milah sing anggo-anggone serba apik, bersih, larang. Mas-masane ya lengkap
ana gelang, kalung toli tindhik. Watir tanpa tedheng aling-aling langsung
ngomong maring Milah.
“Milah
aku ya kepengin nganggo emas-emasan sing kaya kowen nganggo kuwe. Pime angger
kuwe nggo aku bae.” ora nganggo isin-isin Watir njaluk barange Milah.
Milah bingung krungu omongane Watir sing kaya kuwe. Milah
mikir, akhire …..
“Watir,
kiye tinggalane ibune aku, ora bisa takwekena maring kowen.” Milah nolak.
Krungu semaure Milah sing nolak, Watir mrengut
karo gejuk sikil, mripate kaya pan nangis.
Bocah loro regejegan, rebutan omong, tukaran. Watir
kekeh karo kepenginane. Watir pan gemboran ngundang ibune yakuwe Kedasih, tapi
langsung di andeg dipenging dening Milah. Milah emoh ngko ibune Watir dadi sewot jengkelen.
“Ya wis angger kowen pengin nganggo…..” Milah
meneng sedhelat karo ndelengna Watir.
“Ehm….pime
angger gentian bae nganggone. Angger esuk nganti awan dinggo aku terus ngko
sore nganti esuk sawengi nutug dinggo kowen Watir, Milah nawani Watir. Watir
mikir sedhelat terus akhire manthuk
setuju.
Mulai dina kuwe Milah karo Watir gentian
manganggo kabeh emas-emasane Milah.
Sasuwene
pak Harun dodol nang negeri manca, Milah urip bareng saumah karo Watir toli bu
Kedasih. Kelakuane karo panampane Minah apik, nerima, ikhlas toli ya seneng. Bu Kedasih wis
dianggep kaya ibune dhewek dening Milah. Pak Harun ya kaya kuwe padha bae apike kelakuane. Ora pilih kasih
ora mbedak-mbedakna. Bareng Bu Kedasih dadi bojone Pak Harun, uripe bu Kedasih
karo Watir dadi kepenak. Uripe ora susah ora rekasa maning. Sing maune bu
Kedasih karo Watir manggoni umah gubug, saiki wong loro kuwe manggoni umah
gedhe apik magrong-magrong yakuwe umahe Pak Harun lan Milah. Klambine bu
Kedasih karo Watir ya saiki anyar-anyar, apik-apik ora kucel ora kusem. Kabeh
kuwe diwenehi ditukokna dening pak Harun karo Milah. Tapi sipate manungsa
kuwe ora kabeh manungsa apik. Contone ya bu Kedasih karo Watir anake bu Kedasih
kuwe.
Tanpa dinyana bu Kedasih ya nduweni niat ora
apik. Bu Kedasih kepengin kabeh sing di duweni dening Milah dadi dekene. Pengin
ngukuhi kabeh hartane pak Harun supaya mung kanggo dheweke karo Watir. Bu Kedasih mulai nyusun rencana kanggo mujudake kepenginan alane kuwe. Rencana wis
digawe temenan, mumpung pak Harun lagi dodol nang negeri manca, dadi ora bakal
ana sing ngalangi kelakuane. Ora bakal ana sing ngonangi, kaya kuwe pikire Kedasih.
Bengi
kuwe ngepasi Milah karo Watir turu bareng sakamar sakasur. Lorone turu lali
nemen. Bu Kedasih niat pan nglaksanakna rencana ngilangna Milah kanggo
salawase.
Ngerti Milah karo Watir wis lali turune, bu
Kedasih gagian marani bocah loro kuwe nang kamare.
(Jaman biyen kuwe durung ana
listrik, dadi angger bengi ya mung remeng-remeng. Apa maning angger wayahe
turu, damare dipateni dadi pancen bener-bener peteng).
Bareng wis nang kamar, bu Kedasih alon-alon
nggrayangi bocah loro kanggo mestekna endi Milah endi Watir. Bocah pertama
dimek, digrayangi kupinge….eh laka tindhike. Tangane Kedasih pindah maring
gulune….laka kalunge, geser maning maring ugel-ugel tangane..laka
gelange….bareng ngerti sing digrayangi kuwe laka
emas-emasane….langsung….gepppp…..cangkepe dibekem dening Kedasih, terus
diangkat digotong digawa maring mburi umah, nang buri umah bocah wadon sing di
gotong kuwe langsung diceblungna nang blumbangan sing wis disiapna dening
Kedasih. Bar kuwe langsung diurug nganggo lemah dikubur.
Esuke, Kedasih tangi turu praupane katon
sumringah seneng. Bu Kedasih masak gawe sarapan karo mesam-mesem. Atine seneng soale rumangsa wis kasil ngilangna Milah. Nang njero pikirane Kedasih, “Hartane
pak Harun bakal dikukuhi kabeh. Kedasih karo Watir bakal urip seneng.”
Ora
krasa masake wis rampung, gagian Kedasih ngundang anake yakuwe Watir.
“Watir…watir…nok ayu…tangi nok. Kiye ibu masak sarapan enak. Istimewa. Ayo nok… tangi.”
Water diundang undang ora metu-metu. Malah
jebul sing metu…
“Bu…Watir
sih nang ndi? Daning ora nggugah Milah sih?” Milah takon maring Bu Kedasih.
Sapira kagete Bu Kedasih bareng meruhi jebul
sing marani yakuwe Milah, dudu Watir, anake.
Bu
Kedasih ngadeg, mendelik, ndregdeg sikile, pikirane ngelingi kelakuane mau
bengi. “Berarti….berarti……sing dikubur…..”
“Wattirrrr…………”
bu Kedasih langsung mlayu maring buri umah karo njerit seru ngaru ara memelas,
atine gela getun sing ora ana tandingane.
“Watirrr…..Watirrr……..”
Bu Kedasih nglambruk nang ndhuwure kuburane
Watir, bu Kedasih nangis karo ngundang-undang arane anake. Olihe
ngundag-ngundang memelas nemen. Wiwit kuwe nganti dina-dina esuke bu Kedasih
terus kaya kuwe. Ora mingsar ora mingser, ora mangan ora adus, ora turu. Wis
ora kepengin apa-apa. Ora emut apa-apa. Suwe-suwe awake Kedasih tambah
mengkeret. Tambah cilik tambah cilik, akhire dadi ireng cilik.. Swarane sing
ngundang-undang arane Watir terus bae
muni.
“Watirrr….tirrr….tir…….”
swarane keprungu nggrentes, kebek gela, getun, malah kaya-kaya ndadekna
mrinding wong sing krungu. Suwene suwe Bu Kedasih sing tambah cilkik ireng kuwe
malih wujud dadi manuk, yakuwe manuk Kedasih. Swara manuk Kedasih tir….tirr….tir……nganti saiki dirungokna
rasane kok ndadekna sesek nang dada.
Kuwe
akibate wong sing serakah, ora nrimakna, ora bersyukur. Mulane dadi menungsa
sing akeh syukure maring Gusti Allah. Urip ya sederhana bae. Welas asih maring
sapepadhane. Gelem tulung tinulung.
Sumber pustaka, Cerita Rakyat Kabupaten Tegal, Lembaga Pengkajian dan Pengembangan Bahasa Tegal. Seri 5.
Diceritakan ulang dan diterjemahkan dalam bahasa Tegal oleh jengais.